Senin, 16 Maret 2015

MAHAMERU

MAHAMERU
Oleh Migi Kurnia Ristiani

Alon liwat angin ardi
angin anganti angkuping yayah wibi
tembang saka sambarang satwa
iramane alus ngumandang harmoni

Rembulan liwat
kabeh lintang sumebar
cahyane abyor gumebyar ing langit
marekake ati tentrem

Kabut kandel nutupi wit-witan
hawa adem sumilir liwat
Aku trimo kahanan alasmu
sakjerone nggonmu opo anane
‘Mahameru kang digadhang’

0 komentar:

Posting Komentar